religi

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri 2022 Terbaru Bahasa Jawa, Lengkap dengan PDF, Tema Introspeksi Diri

Jumat, 29 April 2022 | 19:20 WIB
Ilustrasi Idul Fitri 2022 (Freepik.com)

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Alhamdulillah, sedaya puji kagem allah panguwaos alam semesta.Piyambakipun ingkang Maha gagah-perkasa. Piyambakipun ingkang maha kuwaos. kekuwaosanipun mboten dipun tandingi dening sinten kemawon. Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dumateng junjungan kito sedoyo, Rasulullah Muhammad Al-mushthofa. manungsa paling mulia, ingkang mbeto Rahmat kagem sedoyo.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Monggo sami syukur dumateng Allah keranten sampun paring kito umur dowo sehinggo saget kepanggih wulan ingkang mulyo. Mungkin wonten sanak kadang lan tonggo kiwo tengen mboten sempat manggihi wulan Ramadhan.

Saben dinten kito ngeraos bungah naliko buko. Mboten kok keranten angsal dahar lan nginum. Ananging kito langkung bungah keranten dipun paringi kekiatan saget ngelampahi perintahipun Allah SWT.

Baca Juga: Apa Boleh Mengikuti Pendapat 4 Mazhab Dalam Suatu Permasalahan? Simak Penjelasan Buya Yahya

Puncak bebungah meniko saget kito raosaken dinten niki. Ugi mboten keranten kito bebas dahar lan nginum. Ananging kito bungah lantaran Allah SWT sampun paring kito kekiatan ngelaksanaaken Shiyam wonten ing waktu awan lan Qiyam wonten ing waktu dalu.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Wonten dinten kemenangan meniko patut kito renungaken, patut kito angen-angen. Menopo Allah nampi amal ibadah kito? Poro ulama ajrih sanget bilih amalipun selami ramadhan mboten dipun tampi. Keranten meniko selami enem sasi sak mantunipun Ramadhan tansah ndungo “Rabbana taqabbal minna sholatana wa shiyamana wa qiyamana wa ruku’ana wa sujudana wa takhasysyu’ana wa tadharru’ana wa ta’abbudana wa tammim taqshirana Yaa Allah Yaa arhamarrahimin”.

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Imam Ibnu Rajab Al Hanbali wonten lebeting kitabipun lathaiful ma’arif jelasaken ciri dipun tampinipun amal ibadah poso. Inggih meniko ketaatan wonten sasi poso saget berbuah ketaatan wonten 11 sasi salajengipun. Sak wangsulipun, ciri ditolakipun amal ibadah Kito inggih meniko bilih poso mboten ngerubah gesang Kito dados langkung sae, langkung taat, langkung takwa.

مَن عمِلَ طاعةً من الطاعات و فرغَ منها فعلامةُ قبولِها أنْ يَصِلَها بطاعةٍ أخرىو علامةُ رَدِّها أن يعقِبَ تلك الطاعةُ بمعصيةٍ

Sapa wae kang nglakoni ketaatan lan piyambake wis nglakoni, mula tandha ditampane ketaatan kasebut yaiku deweke nerusake karo ketaatan kang liya. dene tandha ditolake ketaatan, deweke akhiri ketaatan karo kemaksiatan (lathaiful ma’arif hlm. 366)

Baca Juga: Buya Yahya Menjawab: Apa Benar setelah 15 Syaban Tidak Boleh Puasa?

Halaman:

Tags

Terkini

Tiga Teori Masuknya Islam di Indonesia

Selasa, 29 Juli 2025 | 13:24 WIB