religi

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri 2022 Terbaru Bahasa Jawa, Lengkap dengan PDF, Tema Introspeksi Diri

Jumat, 29 April 2022 | 19:20 WIB
Ilustrasi Idul Fitri 2022 (Freepik.com)

Menikolah sebabipun lanopo Imam ‘Ali mantunipun Nabi Muhammad nate ngendikan

ليس العيدُ لمن لَبِسَ الجديدْ؛ إنما العيدُ لمن طاعاتُه تزيدْ # ليس العيدُ لمن تَجَمَّلَ باللباسِ والركوبِ# إنما العيدُ لمن غُفِرتْ له الذنوبُ. (لطائف المعارف 277)

Riyoyo dudu kanggo wong kang nganggo sandhangan anyar, nanging hakikat riyoyo yaiku kanggo wong ketaatane tambah. Riyoyo dudu kanggo wong kang apik sandhangan lan kendaraane, nanging hakikat riyoyo yaiku kanggo wong kang disepuro dosa-dosane.

Baca Juga: Cara Menangani Local Disk C Windows 10 yang Penuh Sendiri

Jalaran meniko Nabi ugi nyatakake ciloko kanggo wong kang ketemu Ramadhan nanging dosa-dosane ora dingapuro. Padahal Ramadhan yaiku sasi pengapuro doso. Naliko Nabi munggah ing dhuwur mimbar, malaekat Jibril teko nemoni piyambak ipun. Banjur matur:

وَمَنْ أَدْرَكَ رَمَضَانَ، فَلَمْ يُغْفَرْ لَهُ فَأَبْعَدَهُ اللَّهُ قُلْ: آمِينَ، فَقُلْتُ: آمِينَ

Sopo kang menangi sasi poso, nanging dosane ora diampuni mulo allah bakal ngadoh teko dewek e. Banjur Jibril matur: “ngucapo aamiin”. Banjur Nabi jawab “aku ngucap aamiin” (al-mu’jam al kabir li imam ath-thabarani)

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Siyam inggih meniko margi, mlampah tumuju takwa. Ciri takwa inggih meniko sedoyo perintahipun lan nebihi larangan-ipun. Tiyang ingkang takwa namung ajrih kalih allah ta’ala. Tiyang ingkang takwa mboten gentar, mboten wedi nyuarakan keleresan. Piyambakipun mboten ajrih kalih cacian, makian, buliyan tiyang ingkang negejek.

Baca Juga: 14 Rekomendasi Nama Bayi Perempuan Islami Lahir di Bulan Syawal, Lengkap dengan Artinya

Tiyang ingkang bertakwa wonten lebeting gesangipun namung ngelampahi perintahipun Allah lan Rasulipun. Al Qur’an dipunwaos lan dipun amalaken. Hadis Nabi dipun ugemi, malah dicakot kelawan untunipun. Langkung-langkung ing jaman fitnah meniko. jaman wis edan, yen ora edan ora keduman.

Tiyang takwa nyiapaken piambaipun kelawan sangu paling sae kangge pepanggihan kalih rabb-ipun. Nyiapaken sangu kangge perjalan panjang ing alam barzakh lan alam akhirat. Alam ingkang wiwitan nanging tanpa wonten ujungipun. Bayangkan masa tenggo saking dinten kiamat ngantos dinten bangkit mawon kito kedah tengga lebeting wekdal ingkang lami sanget. Abu Hurairah ngeriwayataken bilih Nabi SAW nate bersabda:

مَا بَيْنَ النَّفْخَتَيْنِ أَرْبَعُونَ

Jarak antarane tiupan sangkakala, patang puluh (40).

Halaman:

Tags

Terkini

Tiga Teori Masuknya Islam di Indonesia

Selasa, 29 Juli 2025 | 13:24 WIB