Mung landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika.
Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Baca Juga: Ramalan Zodiak Cancer 13 Agustus 2022: Salah Satu Teman Anda Mungkin Membutuhkan Bantuan
Alhamdulillah, kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat.
Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun, lan wonten pengajian tirakatan teng acara puncak.
Sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti sAllah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae. Aamiin.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur.
Pramila cekap semanten kemawon atur kula. Bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Warohmatullahi wabarokatuh.***